contoh artikel bahasa jawa
Contoh Artikel Bahsa Jawa Tentang Pendidikan
"Dina Pendidikan Nasional"
Dina Pendidikan Nasional yaiku dina saka jati dirining bangsa
yaiku dina pendidikan biso nggambarke utawa ruh saka bangsa awake dewe, bangsa
sing gedhe yaiku bangsa kang peduli marang pendidikan, lan pendidikan yaiku
modal awal saka perkembangan bangsa.
Ngomongke babagan pendidikan mesti awake dewe tepung dening
tokoh Ki Hajar Dewantara, awit saka kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar
Dewantara lan Dina Pendidikan Nasional Ngapa, Geneya, lan Kepriye Pendidikan
Nasional ing pandangan Ki Hajar Dewantara.
“TANAH air kita meminta korban. Dari di
sinilah kita, siap sedia memberi korban yang sesuci-sucinya… sungguh, korban
dengan ragamu sendiri adalah korban yang paling ringan… memang awan tebal dan
hitam menggantung di atas kita. Akan tetapi percayalah di baliknya masih ada
matahari yang bersembunyi… kapan hujan turun dan udara menjadi bersih
karenanya?”
(Ki
Hadjar Dewantara).
Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar
Dewantara, tokoh sing duwe jasa bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar
kang duwe jeneng asli R.M. Suwardi Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan
nasional. Kegiatane diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang kabar
karo EFE Douwes Dekker, ngelola De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi
Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan EFE Douwes
Dekker — dijuluki ”Tiga Serangkai” — Deweke ngedekke Indische Partij,
organisasi politik kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas nuntuk Indonesia
mardika. Ing zaman Jepang, peran Ki Hadjar tetep menonjol. Karo Soekarno,
Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai”, mimpin organisasi
Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan.
Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing poluler ing
kalangan masyarakat yaiku Ing Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun Karso, Tut
Wuri Handayani. Sing intine pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya iso dadi
panutan kanggo bawahan utawa anak buahnya.
Ing Ngarso Sun Tulodo artine Ing ngarso kuwe didepan , Sun
sekang kata Ingsun sing artine saya, Tulodo berarti tauladan. Dadi makna Ing
Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi pemimpin kudu bisa ngewei suri tauladan nggo anak
buahe. Saiki akeh pemimpin sing sikap lan prilakune ora kena dadi panutan nggo
anak buaeh.
Ing Madyo Mbangun Karso, Ing Madyo artine neng tengah tengah.
Mbangun berarti membangkitan atau menggugah lan Karso berarti niat. Maknane,
dadi pemimpin neng tengah kesibukane kudu mampu mbangkitna semangat kerja
bawahane.
Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artinya ngikuti sekang mburi lan
handayani artine ngewei dorongam moral. Maknane, komandan utawi pimpinan kudu
bisa ngewei dorongan moral sekang mburi ben bawahane nduweni semangat kerja.
Kanggo ngenang jasa suwargi, mula Pengetan Dina Pendidikan
Nasional 2 Mei ora iso dipisahke saka sosok Ki Hadjar Dewantara, tokoh kang
jasa majuke pendidikan ing Indonesia. Mugo-mugo awak dewe generasi enom bisa
nglanjutke cita-cita beliau, lan iso ngamalke ajaran sing uwis di babarke
dening Ki Hajar Dewantara. (Amin)
Komentar
Posting Komentar